Translate

Wednesday, 20 April 2016

Cerita lucu bikin ngakak hahaha

Koplak... action!!
Cuk: Kulonuwun....
Cak: Sopo?
Cuk: Kulo...

Cak: Kulo sopo?

Cuk: Kulonuwun...

Cak: Maksute jenenge sampean iku sopo?

Cuk: Kulo Cuk...

Cak: We lhadalah... bocah iki kenthir tenan. Ditakoni jenenge kok malah misuh

cuk: Sinten sing misuh? Jenenge kulo niku pancen Cuk... Cukijan bin Cukirman

Cak: Oalah... tak kiro misuh. Ono perlu opo?

Cuk: Bade nglamar

Cak: Nglamar aku?

Cuk: Nggih mboten to, pak... Lha lah nopo kulo nglamar sampean niku?

Cak: Sopo ngerti kon wis sempel kate nglamar podo lanange

Cuk: Wah... panjenengan niki jian pinter nek ngenyek. Elek elek ngaten niki kulo sek normal, pak...

Cak: Wahaha... kon iki elek kok bangga

Cuk: Masio elek tapi kulo niki kathah rondo sing madosi lho pak...

Cak: Walah!! Modelmu... rondo tukang nagih utang to?

Cuk: Bapak niku ngertos mawon hahaha...

Cak: Wis, ojo cengengesan. Kon mrene iku arep nglamar sopo?

Cuk: Nglamar gawean, pak...

Cak: Kon salah alamat. Nok kene ora ono arek wedok sing jenenge Gawean. Anane Mbah Gowang, umure wis 70 tahun. Gelem ngrabi tah?

Cuk: Maksud kulo nglamar kerjaan, pak... Mboten nglamar embah embah...

Cak: Oo... gak ngomong kaet mau

Cuk: Lha kulo sampun matur sampean malah ngajak guyon

Cak: Mending diajak guyon to timbang diajak carok?

Cuk: Panjenengan saget mawon... Pripun pak?

Cak: Pripun yo’ opo maksudmu?

Cuk: Wonten lowongan mboten?

Cak: Awakmu iki sakjane golek lowongan opo kerjaan?

Cuk: Kan sami mawon ta, Pak?

Cak: Bedo... nek kerjaan iku nggone wong kerja. Nek lowongan iku panggonan sing lowong. Contone sumur, lawang... Termasuk lambemu barang iku jenenge lowongan

Cuk: Sak karepe sampean mpun... sing waras ngalah

Cak: Yo mesti sing waras kudu ngalah... nek wong loro kongkon ngalah, dipan rumah sakit kae kebek wong waras. Sing loro malah turu nok ngisor

Cuk: Nggih mpun kulo nurut. Sak niki wonten kerjaan mboten?

Cak: Akeh. Nok njero kantor kae panggonane wong kerjo thok. Sak karepmu milih kerjo sing endi? Sing bagian nduwuran opo sing ngisoran?

Cuk: Nek sing nduwuran niku bagian nopo, pak?
Cak: Bagian nyekeli penangkal petir. Dadi awakmu nangkring nok nduwur kono pas wayah udan. Nek ono bledek, ndang sauten trus kesakono

Cuk: Weh... lak modar aku!!

Cak: Lha jarene njaluk kerjo bagian nduwur...

Cuk: Mboten siyos nek ngoten. Dereng sempet gajian kok wis matek disikCak: Opo kerja sing bagian ngisor wae?

Cuk: Bagian nopo niku? Nduduk lemah damel ngubur sampean ngoten tah?

Cak: Wahaha... Kon iku sembarangan ae. Bojoku isek ayu kinyis kinyis mosok arep tak tinggal matek, Cuk!!

Cuk: Mboten usah kuatir, pak... Nek sampean mati kulo siap nampani randane kok

Cak: Ancene bocah jancuk! Ngomong karo wong tuwek sak penake dewe ae. Durung pernah dibalang watu wong buntung yo?

Cuk: Guyon pak... Ampun nesu ngaten tah, nggarahi irunge tambah mekar mawon hahaha

Cak: Irung mekar ndasmu sempal...!! prasamu aku iki dagelan Cak Baseman ngono tah? Wis ojo cengengesan. Pingin kerjo po ra?

Cuk: Nggih pingin, Pak. Lha kerjo ngisoran niku teng pundi?

Cak: Sek tak takoni disik. Sak durunge kon duwe pengalaman kerja opo?

Cuk: Tukang becak

Cak: Wah cocok iki. Kebeneran ono lowongan kerja sing sesuai karo keahlianmu. Iki juragane golek karyawan arep ditugaske nok kapal selam

Cuk: Wah mbois tenan niku. Gajine mesti gede tur dibayar nganggo duit dollar

Cak: Yo mesti rek... sing nduwe ae wong Londo

Cuk: Nggih, kulo purun, pak. Nanging tugase kulo teng kapal selam niku nopo?

Cak: Gampang. Tugasmu nyurung kapal selam nek pas mogok

Cuk: Biyuh biyuh... Kapal selam padakno karo becak. Durung nyurung wis dicaplok karo iwak hiu

Cak: Jare njaluk kerjaan sing bagian ngisor. Yo iku sing paling ngisor dewe

Cuk: Prei kiri mawon mpun

Cak: Ra gelem yo wis. Aku yo ra pathek’en!

Cuk: Ehm... nek sing bagian tengah tengah wonten?

Cak: Ono, bagian pijet. Iso mijet ora?

Cuk: Wah..., soal mijit memijit nggih ahline. Biasane nek pas mangkal ngenteni penumpang biasane pijet pijetan karo konco mbecak liyane. Lha niki mijeti jaler nopo estri?

Cak: Sak karepmu. Pingin mijet lanang opo wedok?

Cuk: Kulo milih mijet sing wedok mawon. Mesti wuenak tenan niku... iso ngucel ucel barang sing.... weleh weleh, hihihi.....isin aku....

Cak: Ancene otak mesum kon iku. Yo wis, nek ngono mulai mene kon mlebuo nyambut gawe

Cuk: Saestu? Kulo ditampi kerja?

Cak: Wah! Sak liyane dubleg, kupinge arek iki cureken pisan tibakno. Ya mesti ditrimo...Cuk: Matur nuwun sanget pak... Panjenengan pancen boss sing paling ngguanteng

Cak: Yo wis, nek ngono mene kon tak enteni nok KBS jam pitu esuk

Cuk: Lho.. kantore mboten teng gedung niki tah?

Cak: Sing ngomong kantorku nok kene iku yo sopo? Kantorku nok KBS

Cuk: Lha terus teng KBS (Kebun Binatang Surabaya) niku mijeti karyawati KBS nek wayah kesel ngoten tah?

Cak: Jare sopo kongkon mijeti karyawati KBS sing ayu ayu?

Cuk: Terus mijeti sinten?

Cak: Mijeti macan karo singo wedok hahahaha.....

Cuk: Jiancuuuuk.....!! (misuh karo nguntal pot kembang)Tiba tiba datang beberapa orang dengan seragam petugas medis datang dan meringkus Cak. Cukpun penasaran dan bertanya pada salah satu petugas medis tersebut.

Cuk: Maaf, Bapak bapak ini dari mana? Kenapa pak direktur itu ditangkap?
Medis: Kami dari Rumah Sakit Jiwa. Dan orang ini adalah pasien kami yang lepas.

Cuk: Jadi orang ini orang gila? Jiancuk pindo.....!!

Medis: Lho..., kok maki maki saya? Kayaknya ini orang gila juga. Teman teman... Ayo kita bawa juga orang ini ke RSJ

Cuk: Pak...!! Jangan, Pak...!! Aduduh...!! Lepasin saya! Saya bukan orang gila....!! Hey jancok! tolooong...!”Meskipun meronta ronta, Cukijan bin Cukirman akhirnya dibawa juga ke RSJ. Hahaha...

>>>TAMAT<<<

No comments:

Post a Comment